Prakata

       Gedangan, kampung halaman yang penuh dengan kenangan. Sudah sekian lama tempat itu kita tinggalkan untuk ngluru kehidupan yang lebih mapan. Atau bahasa kerennya meningkatkan taraf hidup yang lebih tinggi.

       Manusia selain sebagai makhluk individu juga sebagai makhluk sosial. Dimana manusia harus berkomunikasi dengan manusia yang lain. 

       Pada edisi perdana ini redaksi mencoba untuk menampilkan seluk beluk Gedangan dari berbagai sisi pandang. Dengan harapan bisa dijadikan sebagai wahana dan media komunikasi atau silaturahmi antar warga Gedangan baik yang merantau maupun yang masih menetap di kampung halaman.

        Oleh karena itu redaksi mengharapkan masukan, kritik dan saran dari para pembaca demi kelangsungan edisi berikutnya. Baik berita, sejarah, ucapan-ucapan selamat atau ungkapan-ungkapan yang ingin disampaikan kepada saudara-saudara yang lain.

         Akhirnya redaksi mohon doa restu dari semua pihak. Para pini sepuh, kadang wredha tomo , para ulama, tamtama dan lain-lainnya yang mau peduli terhadap Gedangan. 
Terima kasih


Kerukunan Keluarga Gedangan

Sugeng Rawuh para tamu, Maturnuwun sampun kersa sambang wonten ing Blog punika. Mugi-mugi sedaya warga Gedangan ingkang wonten ing paran ugi ingkang wonten ing kampung halaman tansah pinaringan kasarasan, berkah lan hidayah saking ngarsanipun Gusti ingkang murbeng dumadi.

Monggo tansah sak yek saeko proyo, nyawiji manunggaling roso lan karso kangge kamulyaning gesang  wonten ing madyaning bebrayan agung.

Salam taklim

Yoen

Kamis, 02 Juli 2009

Informasi Didik Ruboy

     Manut pawarta kang dikirim Didik sarana piranti telpon pribadi, dina Minggu pon (malem senen) surya kaping 14 Juni warsa 2009 / 20 Jumadilakhir 1430 H, dianani pepanggihan utawa rapat kang bakal ngrancang pahargyan adat Cing-cing Goling ing Gedangan. (bersih kali Kedhung Dhawang)

    Asile rapat ing malem Senen iki bakal diusung ana ing rapat malem Rebo dina sabanjure, mapan ing sekretariat Pemangku Adat. Awit miturut rancangan dina Kemis Kliwon acara Cing-cing Goling, njur diterusake dina Ju'mat bersih desa.

       Rasulan utawa bersih desa tahun iki bakal digawe beda karo adat saben sing wis kepungkur. Amarga bakal dianakake maneka warna jenis perlombaan. Ana lomba 'thoklek, terbangan, miniatur cinggoling, gawe pecut, cethen atawa cemethi', lan liya-liane. 

       Muga-muga apa kang dirancang para panitia iki bisa kaleksanan kathi apik.  ( by : Didik R )